Isun kepaksa nguwatakên ati nyawang Imas semandhing ring kuwadhê. Perawan hang dadi kembange ati saiki wis duwene wong liya. Iki dudu salahe Imas, taping merga welasisun hang teka ring wayah hang sing semestine. Sedurunge, Imas wis njaluk nang Isun, mumpung magih ana waktu pelayokena bain. Taping iki dudu dalan hang kudu Sun lakoni. Makene wis aluk Sun ihlasaken bain.
Wayah terus melaku. Berlin, perawan hang teka ngganteni Imas ring atinisun. Tekane dadi tamba tatune ati hang buru bain garing. Bareng Berlin Sun ronce cerita welas hang anyar. Cerita hang dikarepaken bisa ngawa lakon hang endhah. Ana rahasiya hang nggawé atine Berlin diubeg rasa mamang lan wedi hang keseron. Wedi kadhung Isun ninggalaken iyane. Taping gelang alit lan semaya hang wis sun ucap ngelunturaken kabeh rasa mamang ring atine Berlin.
Sing dinyana gudha teka mara mbentelaken Isun ambi Berlin nang perkara abot hang pungkasane nggawa Berlin njaluk pisahan. Mendhung peteng lan udan deres nerak lakon welas lan uripisun. Emake Berlin hang ndadekaken perahara ring uripe Berlin. Merga sing kuat nyangga kabeh beban iku, Berlin menyang ninggalaken Isun hang magih setiya njaga welase ring ati.
Satus sewelas dina, ulihe Isun nggoleti dalan makene bisa ngihlasaken Berlin. Dina iku ahire teka. Sak marine mendhung lan udan hang nerak, metu keluwung hang sun anteni. Fatma lare wadon hang sing tau nyerah golet panggonan ring atinisun wis menangaken sekabehe rasa welasisun. Fatma wujud keluwung ring wayah samarrwulu hang bisa nambani tatunisun hang kapindho. Sun lakoni urip seneng ambi Fatma selawase.
Satria Pujangga