Cerita cendhek iki, kabeh idhe ceritane akeh-akehe emeh cerita nyata hang tau sun lakoni, cerita kanca sekolah lan cerita kanca memengan uga ana cerita riwayat embah anang bengen hang tau diceritakaken nyang Isun. Ring buku iki ana pirangane judhul hang nggambaraken kauripan hang ana ring sedinane wong Using Banyuwangi jaman bengen kaya tah Jaruman, Lintrik, Jeru Jithoke, Seruwal Cemeng Kelambi Cemeng, Ketel Isi Bubukan lan Ngunggahi. Judhul-judhul iku mau istilah has hang diduweni wong Using Banyuwangi.