Page 50 - lontar_bayansari
P. 50

35.  Pan kawula kakang  pan sampun  tobat | panêdhaken  kami  | maring
            kang murbing rat | kakunge aris ngandika | nora kêna tobat yayi | beda
            karo aneng dunya | kêna wong tobat ||

            36. Beda yayi lawan dok aneng dunya | kêna wong tobat gusti | mangke
            kaya apa | wus hukume Pangeran | tan kêna wong tobat yayi | nuli ing
            ngêmban | istêri rinangkul agêlis ||

            37. Sihe pamulenira Hyang Sukma | mêmule iman luwih | dadi sinalinan |
            widadari ing suwarga  | rupane kaya istêrineki  |  muwang pangucapnya |
            istêrine pinisah malih ||
            38.  Pan  kang  [hal.  70]  istêri  linêbokêning  nêraka  |  iku  mulane  nini  |
            pêriyatna sira  |  maring pawartanira  |  mungguhing wong kang urip |  tan
            durung pêjah | yen tan bakti ing laki ||

            39. Tan sampurna nini dening wong kang liyan | mangke sari-sari iki |
            muwah nini sira | nadiyan sira baktiya | yen tan bakti maring laki | kurang
            sampurna | pêrkarane wong laki rabi ||

            40.  Lawan  malih  iku  wajib  kawêruhana  |  waktu  lalima  nini  |  iku  den
            waspada | mangke sanunggal-sanunggal | apan wajib wong ngaurip | tur
            linampahan | minangka jakat nini ||

            41. Waktu subuh punika kalih rêkaat | ana dene jasad [hal. 71] neki |
            lawan  nyawa  ika  |  waktu  dhohor  punika  |  patang  rêkaat  puniki  |  pan
            tanganira | lan suku karo iki ||

            42.  Waktu asar punika patang rêkaat  |  dhadha gigir buhu kalih  | waktu
            magrib tuwan | iku tigang rakaat | cangkêm êlenge irung kalih | den wêruh
            tah tuwan | iku mulane iki ||

            43.  Waktu  isyak  punika  patang  rêkaat  |  mata  lan  kuping  kalih  |  waktu
            kang  sanunggal  |  sakbakdane  pun  isyak  |  minal  witri  wastaneki  |  kalih
            rakat | leng-lengan roro gusti ||

            44. Dubur lan kubur wolulasira | rakaatul witir malih | jajithok mulanya |
            iku dadi sampurna | mangke [hal. 72] sarireki | wus wêruh sêtya | mulane

                                            40
   45   46   47   48   49   50   51   52   53   54   55