Page 55 - lontar_bayansari
P. 55

atulung  |  nora kuwasa bukak  |  têtêbing Hyang Maha Suci  | lamun nora
               Hyang Sukma akarya muliya ||

                  7
               29. Hyang Sukma yen arsa bukak | katingalan cahyaning [hal. 87] asih |
               dadi  panjering  deriya  |  ingaran  telenging  sih  |  dadi  nerimeng  ati  |
               ngerahaning Hiyang Agung | dadi sira tan pêgat peningalira ||

               30. Punika kang katingal | wujud papat kathahneki | karihin wujud mutlak
               | têgêse mutlak kaki | sajênêng Allah singgih | amuji kiyambakipun | tuhu
               dhawakira | yen esa kahanan diri | kaping kalih ingaranan wujud tunggal ||

                  8
               31.   Têgêse  pangeran  kita  |  wênang  purbawaseseki  |  agawe  apulah  |
               kaping tiga wujud gaib | sukma tunggal puniki | tan kakalih [hal. 88]
               ananipun | kaping pat wujud purba | têgêse puniku malih | kahanan Allah
               singgih  |  namane  kang  ingaranan  |  iya  namanepun  dhiri  |  kahananing
               Yuwang Widi | kang aran tunggal puniku | nora ana nama tunggal | kang
               liyan  sangking  Yuwang  Widi  |  den  pêrayitna  aja  mungkur  ingkang
               lampah ||
                                      Pupuh 11 – Pangkur



               1. Mulane sastêra  sêkawan | punika wujud sêkawan nênggih | den yatna
               mulanipun | nama Allah sêkawan | pan Muhammad sêkawan ing sastêra
               iku | mim awal lan he tuwan | mim akhir lan dal singgih ||

               2. Iku hakekating jagad | kawêruhana wêdale sawiji | tetese mim awal iku
               | tur ajale mangko sira | tetes [hal. 89] rasa rumihin puniku | lamun he iku
               tuwan | lah kalam ngaras lan korsi ||

               3. Lamun he iku tuwan | pamêdale lah kalam ngaras lan korsi | suwarga
               lan nêraka  iku  |  tetese he tuwan  |  lamun mim akhir mangke tetesipun  |
               bumi langit ananira | sêgara gunung inguni ||

               4. Kang sastêra êdal  punika |  pamedale kahanan iku singgih  | nyawane

               7  Bait ini seharusnya 9 gatra (larik)
               8  Bait ini seharusnya 9 gatra (larik)

                                               45
   50   51   52   53   54   55   56   57   58   59   60