Page 57 - lontar_bayansari
P. 57
puniku | mastheakên durunge ana | lan têgêse ujub riya iku | suka duka
kagungane Hiyang | ababungah dhawak singgih ||
14. Iku kaki awasana | lan den sarta pagurokên malih | tataline Hiyang
kang [hal. 93] luhur | ing sipat kahelokan | awasana kalawan netêra ing
kalbu | lamun nora mêngkanaha | datan awas denira ningali ||
15. Apan ananipun êlam | pan minangka dalilira Hiyang Widi | sipat dadi
madlul | awal akhir punika | lahir bathin tan ana selanipun | punika depun
gêrahita | yen tan wêruha sira iki ||
16. Tan sampurna idhêpira | têmbe agung wong dadi kapir | den dalih
Pêngeran iku | nora ana wujudnya | den arani Pangeran iku suwung | aken
kandheg dening warta | tanpa warna rupa singgih ||
17. Agung wong kêna sasar | dene gunggung ing kawêruhira sami | ana
agunggunging [hal. 94] laku | dene têtêp-têtêp ing sholat | nuwuh bathene
sasar susur | agung wong kang mangkana | durung seruh sira ing desthi ||
18. Wudhu wahya lan jatmika | iku kabeh nora sira kawêruhi | wudhu
jatmika kêlawan banyu | iku kêramasira | pangucape lawan niyatira iku |
angalapi tuwan | rêrêgêde agung lan alit ||
19. Lamun wudhu wahya ika | pangucape tobat ananingsun iki | anêdhaha
sira iku | pangapureng Hiyang Sukma | muwah nêdhaha pengapura
sanakipun | yen kaluputan kang pertingkah | ing wong sanak sami
mukmin ||
20. Anêdhaha pangapura | lamun ana tingkah singgol serik | lamun tan
mêngkana [hal. 95] iku | wudhu datan sampurna | lan den sarta patobat
maring Hiyang Luhur | lamun sira tan mêngkana | tan sampurna
idhêpneki ||
21. Agung kang wong agagampang | pangucape akeh-akeh den gawe
sandi | supaya awake depun gugu | dening sanak kadang | nora wêruh
awake kaliru | ningali sipat kang papat | iman tauhid puniki ||
47